Aji Mumpung:
ada tetembungan "aji mumpung" lan "ngaji pupung". Tetembungan mau
loro-lorone bener, bedane "aji mumpung" lebih mengenake tembung nama,
yaitu adanya aji-aji sing jenenge "mumpung", dene "ngaji pupung"
nengenake tembung tanduk, yaiku ngaji-aji utawa ngregani banget marang
kalodhangan utawa kesempatan. Dadi surasane padha bae, ing tetembungan
aji mumpung kalodhangan kang bisa aweh kauntungan iku dianggep kadidene
aji-aji, dene ngaji pupung kalodhangan mau diaji-aji lan diurmati
banget.
Aji
iku tegese duwe pangaji kang larang utawa "sangat berharga". Diaji-aji
iku tegese diumpati, dipundhi-pundhi. Aji iku asring kanggo sesebutaning
ratu utawa pendhite, upamane ing tembung Kanjeng Dewaji Sang Aji
Panembahan. Aji-aji iku nduweni sifat kang ampuh, sifat supranatural
kang dadi sifat kandele sing duwe aji-aji mau. Aji-aji iku upamane: Aji
Pancasona. Aji Condoirawa, Aji Gelap Sayuta, lan sapanunggalane.
Aji
mumpung iku nduweni surasa kang negatif lan ironis, kayadene
tetembungan "bandha nekad", "modal dengkul". Aji mumpung ora nduweni
sifat sakral utawa supranatural senajan nduweni "nilai ekonomis". Aji
mumpung utawa ngaji pupung klebu ewoning sifat utawa tumindak kang ora
becik.
Kanggone
wong sing ngaji pupung, mumpung utawa kesempatan perlu diaji-aji lan
dimanfaatake kanggo golek kauntungan. Mumpung-mumpung iku upamane:
mumpung kuwasa, mumpung lagi nglungguhi "jabatan sing basah", mumpung
dipercaya nyekel dhuwit, mumpung dadi anggota DPR. Aji mumpung iku mung
golek kauntungan kanggo awake dhewe, kulawarga utawa golongane, kanthi
gawe rugine negara lan masyarakat. Aji mumpung iku bisa dadi sumbering
korupsi sing ngrugekake wong akeh.
Mumpung
iku uga duwe teges kang becik, yaiku menawa kalodhangan mau digunakake
kanggo tujuwan kang becik, upamane: mumpung isih enom ngudiya kawruh
kang migunani, mumpung lagi ora akeh gaweyan, resik-resika omah. Mumpung
iku nuduhake amane kesadharan ngemani wektu, marang kalodhangan kang
yen wis kliwat ora bakal bali maneh. Manungsa kudu metung wektu supaya
ora dioyak-oyak wektu, supaya ora keri karo playuning wektu. Wong sing
ngaji pupung iku duwe kesdharan manawa kalodangan mau ora dimanfaatake,
yen wis kliwat ora bakal bali maneh. Mula kalodhangan mau kudu
dimanfaatake kanggo golek kauntungan sing akeh.
Kedereng
kekarepan lan kamurkan numpuk banda, banjur akeh pranatan utawa wewaler
kang diterak. Wusanane, yen wis kebak sundukane, bisa kadenangan lan
dadi prakara ing pengadilan. Saliyane mlebu tahanan, yen wis divonis
hakim kudu mlebu lembaga pemasyarakan, malah isih kudu mbalekake dhuwit
sing wis dikorupsi.
Wong
sing ngaji pupung iku kaya-kaya wis ilang rasa kamanungsane. Wong mau
ora nduwe welas marang sapadha-padha kang uripe luwih rekasa. Jiwane
kebak angkara murka, mentingake dhiri pribadi lan ora ngrewes
kasangsaraning liyan. Korupsi lan aji mumpung kang wis ngambra-ambra iku
gawe saya sangsarane rakyat. Ya sifat aji mumpung mau sing nyebabake
Indonesia ora bisa enggal dadi negara sing maju.
Aji
mumpung iku tansah gandheng kunca karo korupsi, kolusi, lan nepotisme
(KKN). Muga-muga niate pamarentah ngadani peprentahan kang resik lan
mbrasta korupsi ora mung mandheg ana ing rembug (wacana), nanging
nyata-nyata dileksanani, saengga sing jenege aji mumpung iku dudu
aji-aji maneh
Amerangi Jaman Edan:
PRAHARA
dateng gilir-gumantos. Senajan kathah ingkang nyebataken punika prahara
alam, nanging sakjatosipun ugi amargi sembrananing manungsa. Amargi
srakahing para punggawa. Amargi kita sadaya sami kesupen dateng kawruh
"Sangkan paraning dumadi", ngengingi asal lan tujuanipun sadaya makhluk
gesang. Kula lajeng kengetan geguritanipun Gojek Joko Santoso: Singapur
gerimis/ Malaysia jawah deres/ Saudi Arabia hawa benter/ Alaska hawa
asrep / Indonesia...hawa nepsu.//
Nepsu
pados jabatan, pados kuwaos, pados donyabrana, pados sembarang kalir
kanthi patrap ingkang tebih saking kasantunan. Sakraup kemawon sampun
cekap kok sakranjang rumaos taksih kirang. Supe kaliyan wejanganipun
para sepuh: Tiji tibeh, pejah setunggal pejah sedaya. Mukti setunggal
mukti sedaya.
Miturut
para ahli, senajan jawah nggrejih pinten-pinten dinten, manawi alas
boten dipun babat, manawi lepen boten dipun serbu griya, manawi selokan
boten dipun sumpel runtah lan plastik, manawi kuburan boten dipun sulap
dados kantor, manawi tambak boten dipun urug dados pabrik...boten bakal
wonten kedadosan prahara banjir bandang kados ingkang dipun alami kitha
Jakarta ing awal Tahun Babi 2007 punika.
Manungsa,
khususipun para pangageng jaman sakpunika, sajak sampun boten gadhah
sesambutan batin kaliyan alam lingkungan lan Gusti, ingkang sampun
paring panggesangan lan karaharjan.
Jaman punika saged dipun wastani jaman gemblung, jaman edan, kadosdene tembang Pucung pethikan Serat Centhini:
Nawung
kridha kang menangi jaman gemblung/ Hiya jaman edan/ Ewuh aya ing
pambudi/ Yen melu edan yekti nora tahan/ Yen tan melu anglakoni wus
tartamtu/ Boya kedumanan/ Melik kaling donya iki/ Satemahan kaliren
temahanira.//
Miturut
Jangka Jayabaya, pitedhah ingkang kedhah dipun ugemi inggih punika
kalimat pungkasanipun: Sakbeja-nejane sing lali, esih beja sing eling
lawan waspada.
Eling;
Sumangga
sami eling dateng pandam, pandom lan panduming dumadi. Pandam punika
tegesipun cahya ingkang sumunar. Pandom ateges arah, tujuan gesangipun
manungsa. Panduming dumadi ateges keselarasan takeran sebab-akibat
saking Gusti ingkang Maha Kuwaos (Damardjati Supadjar: Filsafat
Ketuhanan, 2000).
Mangga
sami dipun anggit lan raosaken Macapatan saking Ki Hadi Suranto ingkang
kapacak Kalawarti Basa Jawi Damarjati edisi paling enggal 28 Februari
2007:
"Cegah
dhahar lawan nendra/ Hardeng nepsu den kirangi/ Pra Bramana lan
Narendra/ Lan sanggya kawula dasih/ Kramas jamas sesuci/ Angruwat
malaning kalbu/ Mrih raharjaning praja/ Kinayoman ing Hyang Widhi/ Ya
mangkono kang kaweca jroning Wedha.//"
Manawi
kahanan ingkang boten sakeca akibat prahara punika boten enggal dipun
ewahi dening kita sadaya, menungsa ingkang dipun wastani menus-menus ora
rumangsa, donya punika lajeng saged dados neraka. Kadosdene ingkang
dipun ngendikakaken Ki Endraswara saking Ngayogyakarta Hadiningrat:
"Wong
cilik bakal padha mendelik, wong tani rumangsa ditaleni, wong dora
malah ura-ura, wong bener thenger-thenger, wong salah bungah-bungah."
Jayabaya
nyebataken ngengingi Jaman Tri-Kali. Sepindah, Jaman Kali Swara:
sakderengipun taun 700. Kaping Kalih, Jaman Kali Yoga: taun 701 dumugi
1400. Kaping Tiga, Jaman Kali Sengara: taun 1401 dumugi 2000. Khusus
Jaman Kali Sengara dipun perang dados 5 perangan inggih punika:
Kala Jangga: taun 1401-1500
Kala Sakti: taun 1501-1600
Kala Jaya: taun 1601-1700
Kala Bendu: taun 1701-1800
Kala Suba: taun 1801-1900
Kala Sumbaga: taun 1901-2000
Wondene
abad millennium utawi abad 21 dipun sebataken ngangge sebatan Kala
Surata: taun 2001-2100, kanthi ancer-ancer Darmana (omber manahipun);
Watara (ngatos-atos) lan Isaka (pangeran). Manawi boten dipun gatekaken,
boten namung prahara alam ingkang tambah ngedab-edabi, ugi prahara
kabudayaan lan peradaban ingkang badhe nambah risaking gesang kita
sadaya lan anak putu.
Tandha;
Tandha-tandhanipun
sampun kathah: "Kali ilang kedhunge; Pasar ilang kumandhange; Wong
wedok ilang wirange; Wong lanang ilang kaprawirane". Jangka Jayabaya
nyebataken "Akeh tesmak bathok, mlorok ora ketok; akeh wong wadon
rebutan guru laki; akeh bayi lahir bingung nggoleki bapake; akeh wong
mati mung merga dicokot lemut".
Kangge
ngowahi kahanan supados boten katerak cakra manggilinanipun Jaman
Gemblung, kita sadaya kedhah saiyeg saekapraya "Amerangi Jaman Edan".
Sepindah, kanthi prinsip Tata-Titi-Tentrem.
Tata, ateges wonten rencana kangge ngatur samudayanipun.
Titi, ateges kedhah ngawasi kanthi ngatos atos lan teliti, sampun ngantos wonten ingkang ketriwal.
Tentrem, ateges ayem, aman, tenang, ngremenaken manah.
Kaping kalih, kedhah sakmadya ing sabarang kalir, boten kenging srakah, ngaya, lan ngayawara.
Kaping
tiga, tepa slira, boten namung ngutamakaken akal (otak) nanging ugi
raos (batos), ngengeti bilih dipun jiwit punika kraos sakit inggih
sampun ngantos remen njiwit tiyang sanes.
Kaping sekawan, empan papan, inggih punika keluwesan dipun selarasaken dateng kawontenan, wonten subasita lan tata kramanipun.
Kaping
gangsal, bener lan pener, ateges boten waton gondhelan dateng aturan
nanging ugi wewates, adat, tatacara ingkang taksih dipun ugemi
masyarakat.
Kaping
nem, rukun lan urmat, kadosdene pitedah tiyang sepuh: "Crah agawe
bubrah, rukun agawe santosa", utawi "Ajining diri suka lathi, ajining
raga saka busana, ajining awak saka tumindak."
Kaping
pitu, luwes lan toleran, kados dene petatah-petitih "Ngono yo ngono
ning mbok aja ngono", utawi "Aja dumeh, aja mitenah, aja sewiyah, aja
waonah, aja srei-drengki-jail-methakil, aja aji mumpung, aja
adigang-adigung-adiguna".
Kula
pitados bilih kajawi saking ajawan Jawi werni pitu ing nginggil punika
taksih kathah ajaran sanesipun ingkang boten kalah mentesipun. Nanging
kula ugi pitados manawi ajaran ingkang pitu punika dipun laksanakaken
ing sakdinten-dintenipun, Insya Allah Gusti Ingkang Mahawelas lan Asih
boten bakal badhe nambah kasengsaran kita kanthi prahara-prahara
saklajengipun. Mugi-mugi kita sadaya saged damel langit mlengkung dados
kubah mesjid, gereja, klenteng, vihara, ingkang aromanipun swarga. Amin.
Ngundhuh Wohing Penggawe:
ANA
tetembungan sing unine "Sapa sing nandur bakal ngundhuh". Unen-unen iku
ana sambung-rapete karo "Ngundhuh wohing penggawe" utawa "ngundhuh
wohing pakarti". Lire, kahanan sing disandhang saiki ora uwal saka
penggawe utawa pakarti sing wis ditindakake. Kahananing urip, bungah
susah, begja cilaka, sugih mlarat, kabeh mau keh-sithike mujudake wohing
pakartine dhewe.
Apa
kabeh sing nandur iku mesthi ngundhuh? Lha nek tandurane ora thukul,
sawahe puso, apa sing bakal diundhuh? Yen sing ditandur penggawe sing
ora becik adate bakal ana wohe; yen sing ditandur iku kabecikan durung
mesthi wohe bakal dirasakake. Sing ngundhuh ora mesthi sing nandur,
tarkadhang sedulur utawa anak putune. Tumindak becik utawa nandur
kabecikan kuwi apike kawawas minangka kewajiban, dadi ora perlu
diarep-arep pituwase.
Pakarti
kang ora becik iku mesthi ana undhuh-undhuhane. Mula manungsa iku kudu
bisa mawas dhiri, pakarti apa bae sing wis katindakake sing
undhuh-undhuhane bisa gawe ora kepenaking uripe. Kanthi mangkono
manungsa ora bakal gampang nyalahake wong liya, nyalahake nasib,
nyalahake takdir, sing ateges uga nyalahake Sing Gawe Urip.
"Sing
sapa salah seleh", tegese sapa sing tumindak celaka iku bakal nemu
kesengsaran. Manungsa iku percaya menawa Gusti Allah iku Mahaadil.
Manungsa percaya menawa ana hukum sing luwih adil ing sandhuwuring hukum
negara utawa masyarakat. Saben negara duwe pranatan utawa hukum
dhewe-dhewe. Hukum gaweyane manungsa iku tarkadhang kurang adil,
luwih-luwih cak-cakane. Pidana kang kapatrapake tarkadhang sok ora
samurwat karo kaculikane. Sogok-sogokan utawa suap-menyuap wis kaprah
ing proses pengadilan. Sing diarani "mafia peradilan" iku dudu mitos
utawa critra kang ngawayara.
Hukum
sing luwih adil yaiku hukum alam, hukum karma, hukum gaweyane Sing
Mahaadil. Senajan manungsa bisa ngendhani pamidanane hukum negara,
manungsa ora bisa uwal karo Mahahukum gaweyane Sing Akarya Jagat. Asring
ditembungake menawa "Gusti Allah iku ora sare", lire sakabehing
tumindak ala lan becik iku tansah kapirsan. Ananing Gusti Allah iku uga
"Maha Pengampun". Sakabehing dosa iku yen wis disadhari, diakoni, lan
sabanjure wong mau mertobat, mesthi bae bakal pinaringan pangapura.
Tetembungan
"Ngundhuh wohing penggawe" iku bisa diarani "kearifan lokal" utawa
kawaskithaning masyarakat Jawa anggone merdeni lan mahami urip lan
panguripane. Dadi, sumbering undhuh-undhuhan iku dumunung ana pakartine
dhewe, mula manungsa kudu tansah ngati-ati nalika tumindak utawa
makarti.
Apa
sakabehing panandhang iku asale mesthi saka pakartine dhewe? Apa lindhu
gedhe, tsunami, lendhut panas sing nuwuhake panandhang tumrap sebageyan
masyarakat Indonesia uga mujudake wohing pakarti? Dosa utawa pakarti
ora becik apa sing nuwuhake panandhang mau? Nalika pemerintah
ngundhakake rega bahan bakar minyak (BBM) sing tambah gawe rekasane
rakyat, yen petani rugi marga pamarentah ngimpor beras, iku apa ya
rakyat cilik utawa petani sing dosa?
Pakarti
iku ana sing sifate "makro" ana sing sifate "mikro", ana sing sifate
kolektif, ana sing sifate pribadi. Pakarti ora becik utawa dosa iku ana
sing arupa dosane wong akeh, dosane negara, dosa turun-temurun, lan dosa
pribadi. Dosa sing kaya ngono mau tarkadhang sing ora melu-melu ya
katut ngundhuh; dadi, ora pilih-pilih, sapa bae ngundhuh wohe. Ananing
proses mau durung rampung, sifate isih sementara. Sabanjure mbokmenawa
ya mung sing makarti sing ngundhuh wohe.
Sakabehing
tumindak iku kudu dipetung utawa dilimbang-limbang kanthi premati, awit
kabeh mau sing bakal ngundhuh ora liya ya awake dhewe. ... He he he . .
. Edan Tenan.
Salam Rahayu Sampai Teguh Slamet Berkah dan sejahtera...
Semoga Bermanfaat. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Bagus tulisannya vroh,
ReplyDeletesalam
https://nafasmesin.blogspot.com/
We offer you the opportunity to get this search engine marketing service performed by our team. Our team will have a detailed visit to your site. He will refer to his mistakes and solve them. We will help you improve your marketing methods.
ReplyDeleteayo bergabung dengan saya di (D(E(W-A)P)K)
ReplyDeletemenangkan uang jutaan rupiah dengan menguji keberuntungan kalian
hanya dengan minimal deposit 10.000
untuk info lebih jelas segera di add saja Whatshapp : +8558778142
ditunggu lohhh add nya... terima kasih waktu nya ^-^